Khutbah Nikah bahasa jawa
وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا
مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ
لَهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ
تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ
وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيرًا
وَنِسَاءً وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ
اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلاً سَدِيدًا
يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ
اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
أَمَّا بَعْدُ, فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ
اللهِ, وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ وَشَرَّ الأُمُوْرِ
مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ
ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِى النَّارِ, اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ
الْقِيَامَةِ.
Seestunipun sedayanipun
puji namung kagunganipun Allah SWT, kula tansah amemuji saha nyuwun pitulungan sarta pangapuranipun
Allah. Kula nyuwun perlindunganipun
Allah saking awonipun nafsu kula saha saking akibat awonipun perilaku
kula.
Sinten kemawon ingkang
sampun dipun paringi pitedah dening
Allah, mboten wonten ingkang saget nyesataken piyambakipun, saha sinten kemawon ingkang sampun dipun
sesataken, mboten wonten ingkang saget maringi pitedah dateng piyambakipun.
Saktemenipun Ingsun
nyekseni bilih mboten wonten pengeran
ingkang hak sinembah kejawi namung Allah SWT, mboten wonten sekutu mungguhing
Allah SWT. Saha ingsun nyekseni bilih kanjeng
Nabi Muhammad SAW dados kawula saha utusanipun Allah SWT.
Hai wong-wong kang pada
iman, pada taqwao sira marang Allah SWT kanthi saestu-estunipun taqwa dateng
Allah SWT. Lan sira kabeh aja nganti mati kejaba ing dalem ngugemi agama Islam.
Hai para manungsa pada
takwao sira kabeh marang pengeranmu kang wis nitahake awak ira kabeh saka awak
siji lan saka awak siji iku Allah nitahaken jodone, lan saka sejodo mau Allah
ngembangbiakake wong lanang lan wong wadon kang akeh,lan taqwao sira marang
Allah, kang kanthi asmane Allah sira kabeh pada saling nakokake antarane siji lan liyane, lan pada jagao sira kabeh hubungan silaturrahim. Sak temene Allah tansah jaga
lan ngawasi sira kabeh.
Hai wong-wong kang pada
iman, taqwao sira kabeh marang Allah lan pada ngomongo kang bener, kang mengkono
Allah bakal ngapekake awakmu amal-amalmu lan ngapuro marang awakmu
dosa-dosamu. Lan sapa wonge kang taat marang Allah lan Utusane, mangka
saktemene awake wis entuk kemenangan kang gede.
Ammaa ba’du,
Hadirin
rahimakumullah, khususipun tmanten kekalih ingkang dipun berkahi Allah,
Punika khutbah nikah
saking Nabi Muhammad SAW, nalikanipun nikahaken putrinipun tercintanya Fatimah
az-Zahra, intinipun inggih punika pesen Taqwa. Kengin nopo Taqwa? Awit tiyang ingkang paling
mulyo wonten ing ngersanipun Allah SWT punika tiyang ingkang paling taqwa.
إنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُم
“Saktemene wong kang
paling mulyo ing antarane sira kabeh mungguhe Allah yaiku wong kang pada
taqwa.” (Q. S. Al-Hujurat : 13).
Taqwa saget dipun
pahami kanthi pengertosan ingkang
sederhana, inggih punika kanthi nindakaken sedaya perintahipun Allah saha
nebihi sedaya awisanipun Allah. Termasuk, perintah nindakaken pernikahan, saha nebihi pergaulan bebas
lan perzinahan. Rasulullah SAW dawuh :
يَا مَعْشَرَ الشَّبَابِ ! مَنِ اسْتَطَاعَ مِنْكُمُ الْبَاءَةَ
فَلْيَتَزَوَّجْ , فَإِنَّهُ أَغَضُّ لِلْبَصَرِ , وَأَحْصَنُ لِلْفَرْجِ
وَمَنْ لَمْ يَسْتَطِعْ
فَعَلَيْهِ بِالصَّوْم ; فَإِنَّهُ لَهُ
وِجَاءٌ. مُتَّفَقٌ عَلَيْه .
“Hai para Pemuda,
sapa wonge ing anarane sira kabeh wis
mampu nikah, maka pada nikaho. Sebab saktemene nikah iku
bisa nundukake pandangan lan jaga kemaluan. Lan sapa wonge kang durung
mampu,syogyane awake nglakoni pasa, sebab saktemene pasa iku bisa dadi benteng
kanggo awake.”
Dados perintah nikah
punika, sekaligus ugi perintah kangge agi pandangan lan kangge jagi kemaluan,
artosipun ampun ngantos sekali-kali nglampah zina. Perintah nikah punika
tatunipun mboten kangge ingkang bestatus jejaka kemawon, ananging termasuk ugi
ingkang berstatus duda. Justru menawi ingkang mboten nikah , berarti
termasuk tiyang-tiyang ingkang mboten remen dateng sunnah Nabi, padahal tiyang ingkang mboten remen dateng sunnahipun
kanjeng Nabi mboten kelebet golongan umatipun.
وَعَنْ أَنَسِ بْنِ مَالِكٍ { أَنَّ النَّبِيَّ صلى الله عليه وسلم
حَمِدَ اللَّهَ , وَأَثْنَى عَلَيْهِ , وَقَالَ : ” لَكِنِّي أَنَا أُصَلِّي
وَأَنَامُ , وَأَصُومُ وَأُفْطِرُ , وَأَتَزَوَّجُ النِّسَاءَ , فَمَنْ رَغِبَ
عَنْ سُنَّتِي فَلَيْسَ مِنِّي } مُتَّفَقٌ عَلَيْهِ.
Saking sahabat Anas bin
Malik bilih kanjeng Nabi SAW sak
sampunipun muji saha nyangjung dateng
ngarsanipun Allah, saklajenipun paring sabda : “Saktemene aku sholat lan uga turu, aku puasa lan
uga buka , lan aku uga nikahi wanita. Sapa wonge kang ora
demen ing sunnahku, mangka wong
mau ora termasuk golongan umatku.“
Hadirin rahimakumullah,
Akad Nikah hakikatipun
Janji agung wonten ing ngarsanipun
ingkang Maha Agung ingkang kedah
dipun pertanggungjawabaken. Pramila sayogyanipun janji agung punika kita cepeng kanthi
teguh. Allah SWT sampun ngengetaken wonten ing Al-Quran Surat Al-Isra‘ : 34,
وَأَوْفُوا بِالْعَهْدِ إِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْئُولاً
“Lan pada nepati janji
sira kabeh, saktemene janji iku bakal dijaluki pertanggung
jawaban.“
Tamtunipun saben tiyang ingkang bangun mahligai rumah
tangga, ingkang dados dambaan saha cita-citanipun gadahi kehidupan rumah
tanggaingkang sae, dipun diliputi dening
mawaddah wa rahmah, kebak ing
kebahagiaan, saling sabiantu, saling
memahami ugi saling mengertos. Sesuai kalian dawuhipun Allah wonten ing
Al-Qur’an S. Ar-Rum : 21,
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا
لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً إِنَّ فِي
ذَلِكَ لآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
“Lan sebagian saka tanda-tanda kuwasaning (Allah)
yaiku Allah wis nitahake kanggo awakmu jodo-jodo saka awak ira, supaya sira kabeh tentrem marang
deweke (jodo-jodo ira) sarta andadekake
sih-sinisihan (kasih sayang) ing antarane ira kabeh. Saktemene kang
mengkono iku yekti ana tanda-tanda
(kuwasaning Allah) tumprap wong kang pada gelem mikir.”
Kondisi mawaddah wa
rahmah tamtunipun mboten dugi dumadakan,
pramila syarat kangge gayuh mawaddah wa
rahmah, salah satunggalipun inggih punika
sayogyanipun suami – istri punika
kedah saling nglindungi, saling nglengkapi saha nutupi kekurangan
pasanganipun piyambak-piyambak. Ing dalem Al-Qur’an S. Al-Baqarah :
187 Allah dawuh:
هُنَّ لِبَاسٌ لَكُمْ وَأَنْتُمْ لِبَاسٌ لَهُنَّ
“Deweke (bojo-bojomu)
iku minangka sandanganira lan sira (bojo lanang) iku minangka sandangan tumrap deweke.
Saking ayat kasebat saget kita pahami,
bilih sandangan utawa pakaian punika
gadahi fungsi nutup aurat saha kekirangan utawi cacatipun jasmani
manungsa, semanten ugi pasangan
suami – istri, dipun ibarataken sebagai sandangan, pramila piyambakipun
kedah saling nglengkapi, saling nutupi kekurangan saha aib pasanganipun.
Semanten ugi pasangan suami-isteri kedah saling nglindungi saking pinten-pinten
permasalahan pasanganipun.
Nalikanipun wonten
sepasang suami – istri ingkang saling bikak aib saha rahasia pasanganipun, maka
sakjatosipun tiyang-tiyang ingkang
mekaten punika, benjing wonten ing akherat kedudukanipun dados tiyang ingkang paling awon wonten ngarsonipun Allah SWT. Nabi
Muhammad SAW dawuh :
{ إِنَّ شَرَّ النَّاسِ مَنْزِلَةً عِنْدَ
اللَّهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ; اَلرَّجُلُ يُفْضِي إِلَى اِمْرَأَتِهِ وَتُفْضِي
إِلَيْهِ ,
ثُمَّ يَنْشُرُ سِرَّهَا } أَخْرَجَهُ مُسْلِمٌ .
“Saktemene wong kang
paling elek kedudukane ono ing
ngarsane Allah besuk ono ing dino
kiyamat yaiku sawijining wong lanang
kang ngumpuli bojone lan wong wadon kang dikumpuli bojone, banjur deweke
pada bukak rahasiane “
Hadirin rahimakumullah,
Cita-cita kangge
gayuh mawaddah wa rahmah ing dalem
bahtera rumah tangga namung saget kawujud , menawi tiyang wadon ingkang dampingi gesangipun tiyang jaler
punika wanita shalihah. Awit namung wanita shalihah ingkang saget dados
rencang gesang ingkang sakjatosipun ing dalem suka utawi sakit. Ingkang bade sabiantu utawi dorong
suaminipun tansah taat dumateng Allah
Ta’ala. Piyambakipun bade budi daya ta‘awun kalian suaminipun kangge dadosaken rumah tangganipun bangunan ingkang kuat saha kokoh, ingkang mboten gampil
roboh nalikanipun dipun terjang dening
badai. Rasulullah SAW dawuh :
الدُّنْيَا مَتَاعٌ وَخَيْرُ مَتَاعِهَا الْمَرْأَةُ الصَّالِحَةُ
“Saktemene dunya iku
perhiasan lan sak apik-pike perhiasan
dunya iku wanita kang shalihah.” (HR. Muslim).
Nabi Muhammad SAW dawuh
: bilih sak sae-saenipun dunyanipun
tiyang jaler punika gadah bojo ingkah shalihah, nalikanipun dipun pandang
nyenengaken, nalikanipun dipun perintah taat, saha nalikanipun tiyang jaler
mboten wonten ing dalem piyambakipun saget ngrekso kesucianipun saking priyo
sanes.
Akhiripun, kula
bade ngaturaken setungaling Doa Rasulullah
kangge Pengantin dipun waos sak
sampunipun ijab kabul :
بَارَكَ اللهُ لَكَ وَبَارَكَ عَلَيْكَ وَجَمَعَ بَيْنَكُمَا فِى
خَيْر
“Mugo-mugo Allah paring berkah marang awakmu, lan
mug-muga keberkahan ing ngatase awakmu
sak lawase lan nyawijekake awakmu sekalian ing dalem keapikan.” (HR Abu Daud, Tirmidzi,
Ibnu Majah).
Saha setungal Doa malih ingkang dipun waos dening nganten jaler ingkang sampun pikantuk
pasangan gesangipun :
اللَّهُمَّ إِنِّي أَسْأَلُكَ خَيْرَهَا، وَخَيْرَ مَا جَبَلْتَهَا عَلَيْهِ،
وَأَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّهَا، وَشَرِّ مَاجَبَلْتَهَا عَلَيْهِ
“Ya Allah,
sakestunipun kulo nyuwun dateng
panjenengan kesaenanipun garwa kula, lan kesaenanipun saking punopo
ingkang sampun panjenengan titahaken ing
dalem watakipun. Lan kulo nyuwun perlindungan dumateng panjenengan saking
dari keawonanipun garwa kulo lan keawonan saking punopo ingkang sampun
panjenengan titahaken ing dalem watakipun.” (HR Abu Daud).
Mekaten khutbah ingkang
saget kula aturaken mugi-mugi manfaat dateng kito sedoyo. Amin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ
وَلِوَالِدِيْنَا وَلِمَشَايِخِنَا وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ،
فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
BY: H. NUR KHAMID, S.HI
NIP. 197810212005011002
PENGHULU MUDA
KANKEMENAG KAB. REMBANG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar